Jumat, 16 Januari 2009

JENANG GULO

Sekar langgam, pelog barang.
Karya : E. Slameto.

Bowo : Sekar Macapatan Asmaradhana/pelog barang.
(Bowo tegese : pambukaning kidung)

gegarane wong akrami
dudu bondo dudu rupo
amung ati, pawitane
luput pisan keno pisan
yen gampang luwih gampang
yen angel, angel kalangkung
tan keno tinumbas arta

lagu :

Jenang gulo, kowe ojo lali marang aku iki....yo kangmas
Nalikane nandang susah, sopo sing ngancani

Dhek semono, aku tetep tresno, sarta tetep setyo.....yo kangmas
Durung nate gawe gelo, lan gawe kuciwo

Ning saiki, bareng mukti kowe banjur lali....marang aku
Sithik sithik kowe mesti nesu, banjur ngajak padu
Jo ngono.....ojo ngono......

Opo kowe pancen ra kelingan, jamane dhek biyen....yo kangmas
Kowe janji, bungah susah podo dilakoni.......


sedih pisan euuy......

Matur nuwun.
wass-kus.

Kiriman Dimas Kus Suharyanto
Posting: 16 Jamuari '09; 23.50

Tidak ada komentar:

Posting Komentar